KERJAKAN SOAL BERIKUT DI BUKU TULIS MU, TULISKAN JAWABANYA SAJA. NILAINYA MASUK KE ULANGAN HARIAN.
Pocung
Bapak pocung dudu watu dudu gunung
Sangkanmu ing sabrang
Ngon-ingone sang bupati
Yen lumaku si pocung lembehan grana
1. Bapak Pocung ingon-ingone sapa?
2. Yen lumaku si pocung lembehan grana. Tembung kang kacithak miring tegese....
3. Cacahe gatra ing tembang Pocung ing ndhuwur ana.....
4. Guru lagu tembang Pocung yaiku ....
5. Batangane tembang Pocung ing Ndhuwur yaiku....
6. Ing tembang macapat, ana kang diarani guru wilangan. Guru wilangan tegese ....
7. Tembang macapat apa kang duwe gatra cacahe lima?
8. Watake tembang Gambuh yaiku
Gatekna wacan crita pengalaman ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 9-11
Nalika prei sekolah wingi, Galih mung nonton TV neng omah. Suwe-suwe dheweke krasa bosen. Untung esuk-esuk banget Bulike rawuh ing omahe. Bulik rawuh sekalian bareng keluargane. Bulik lan keluarga nginep ing omahe Galih sedina sewengi.
Galih lan keluargane diajak Bulik dolan menyang Pante Kemiren. Mangkate kira-kira jam telu sore lan rencanane nganti jam lima sore. Nalika mlaku-mlaku nonton kahanan lan eloke pemandangan laut, Galih kesasar lan muter-muter. Dheweke bingung nggoleki Bulik lan keluargane. Amarga kedadeyan kuwi, Galih lagi tekan omah jam enem punjul nalika langit wes malih dadi peteng. Tekan omah, dheweke lan keluargane langsung mangan bengi amarga weteng iku wis krasa ngelih banget.
9. Galih diajak Bulike dolan menyang....
10. Pengalamane Galih kalebu pengalaman kang
11. Pitutur utawa piwulang kang bisa dituladhani saka crita ing ndhuwur yaiku
12. Ing ngisor iki kang kalebu pengalaman
13. Salah siji kang kudu ditindakake nalika nyritakake pengalaman yaiku anggone ngucapake tetembungan, lesan karo swarane kudu ....
14. Nalika aku bali sekolah, simbah lagi turu.
Tembung turu kuwi salah, kudune
Gatekna wacan narasi ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 15-17!
RADEN AJENG KARTINI
Raden Ajeng Kartini miyos tanggal 21 April 1879 ing Jepara. RA Kartini isih klebu golongan kang disegani utawa kaum bangsawan, jalaran putrane bupati Jepara. Bupati kasebut kang asma Raden Mas Adipati Ario Sosrodiningrat lan ibune asma M.A Ngasirah.
Kartini nulis layang kanggo kanca-kancane sing ana ing negara Walanda. Uga nulis surat kagem Mr. J.H Abendanon supaya diparingi beasiswa sekolah ing Walanda. Nanging, Kartini ora bisa klakon beasiswa amerga dinikahake karo Bupati Rembang kang asmane Raden Adipati Joyodiningrat.
Ing Rembang, Raden Ajeng Kartini ngedekake sekolah wanita. Sekolah wanita iki kang disengkuyung dening Raden Adipati Joyodiningrat.
Tanggal 17 September 1904 Kartini seda ing yuswa 25 taun. Sasedane Kartini, Mr. J.H Abendanon nglumpukake surat-surat sing tau dikirimake RA Kartini marang kanca-kancane sing ana ing Eropa lan didadekake buku.
Para wanita Indonesia wis padha maju, pendhihikane akeh sing dhuwur, pegaweyane sing sejajar karo para priya. Kabeh mau ora liya amarga kena daya semangate Raden Ajeng Kartini.
15. Raden Ajeng Kartini miyos tanggal.....
16. Kartini nulis surat kanggo Mr. J.H Abendanon supaya diparingi
17. Sikap sing bisa kita tuladhani saka RA Kartini yaiku
18. Wacan narasi kuwi kabagi ana pirang-pirang perangan, salah sijine yaiku resolusi. Kang diarani resolusi yaiku ....
19.Sianu sing sregep!
Ukara ing ndhuwur kalebu ukara
20. Ukara andharan kuwi dipungkasi kanthi tandha waca apa?
21. Paragrap kang ukara intine ana ing tengahing paragrap diarani paragrap
22. Tembung kapan digunakake kanggo nakokake
23. Aksara legena yaiku aksara Jawa sing.....
24. Sandhangan swara o wujude.....
25. Sate yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku
26. Saliyane duwe paugeran, tembang macapat uga nduweni guna lan watak kang bedha-bedha. Apa gunane tembang Pocurng?
27. Sebutna telu titikane crita pengalaman pribadhi!
28. Gaweya ukara pitakon nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!
a. turu
b. tuku
c. nulis
29. Sebutna telu pahlawan nasional sing mbok ngerteni!
Selamat Mengerjakan
.
.
.
.
.
.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar